-->

ANTARANE GURU LAN TEKNOLOGI



MGMPSOSIOLOGIJATENG.COM - Nyong biasane mulang ya blang-bleng, dadi guru wis seprana seprene wis arep puluhan tahun ya nembe kiye kenal sing jenenge lapetop, nganti tekan gawe Blogger (hhhhhhhh, dewarahi ketuane mgmp prov jateng) gagat cengul esuk jam pituan mlebu blus meng kelas, aweh uluk salam, ngundangi (ngabseni) bocah sing mlebu, sing ora keton ya tek ilang-ileng mbok ora mlebu apa lagi maring endi, eh jebule nu meng mburi disit tes setor neng jumbleng sing siki terkenale jere WC,

Tek deleng siji-siji, nyong melu bungah, rekane wajahe bocah pada keton semringah, ning pada ndengkluk sirahe madep ngisor,  jebule nu lagi uthek umyek nyekel HP, sing jere barang cilik ning canggih ujare. Cen ya bener ning kadang ya ora pener kanggone bocah sing lagi sinau

Jal si ngonoh, lagi dewulang nyrocos nganti ngumpruk, eh bocah malah pada dolanan HP, jere lagi browshing, chating, apamaning, alahiyung, bocah-bocah.  Enggane kon pada nggolet ngelmu nggo sangu urip neng dunya jere biyunge, nggo sangu neng akherat jere kyaine.

Jebule cen guru siki akeh sing kalah karo muride, ya senadyan ora kabeh guru, utamane ya bab HP, kaya nyong kiyeh sing madan gaptek, jerene elmu sosiologi cultural lag, mbareng nyekel sepisan malah dadi cultural shock.  Bela Dalah.

Jan-jane tah nek guru kaya penginyongan kiyeh bisa nguasani sing jenenge teknologi jian lumayan koh, ora ketang daglug-dagluk lumayan, apamaning sing jenenge jere Power Point, wis bocah bungah banget, untunge neng sekolahe nyong saben kelas wis ana sing jenenge LCD, sing bisa ngetokna gambar clorot desorot meng tembok pa neng bujur segi papat, tulisane bisa diwaca, bocah ana sing keton bungah, kon nyatet materi.hhhhhhhhh, ora usah moto kopi.

Klilan, semene dhisit, nu lagi nyoba BLOGGER, jere ketuane kon latihan nulis ben jentike lemes, jebule cen nu tembe nulis, ya jentike nlothok ora karuan, nganti kringete metu gemrobyos kaya tes mangan bakso kakehen sambel. Nuwun, salam paseduluran neng donya maya. (Rakim/2018)

2 Responses to " ANTARANE GURU LAN TEKNOLOGI"

  1. Apik nemen olih gawe tulisan kang

    BalasHapus
  2. Nu njajal, jere ketuane nek ora dijajal ngko ora bisa klakon, nek wis dejajal toli dadi ngerti wujude

    BalasHapus

Iklan Bawah Artikel